Jumat, 05 Juli 2013

Cerita bahasa jawa


Nggawe Layangan Dewek
Ing sawijingin dina ana bocah sing jenennge Danu.dheweke seneng sinau gawe dolanan sing tradisional. Sakwise mulih sekolah danu mlaku mulih karo kanca-kancane . Omahe Danu ora adoh saka sekolahane, kira-kira telung kilometer saka sekolahan . Ing tengah ndalan Danu ngerti mas Dodi lagi golek kayu . Banjur kui danu takon marang mas Dodi ,
”arep gawe opo mas ?” .
”iki arep gawe layangan,
gelem melu opo ora ?” terange mas Dodi .
”yowis aku gelem melu gawe” wangsulane Danu
Banjur kui Danu lan mas Dodi mulai nggawe layangan .
’’mas,
piye carane gawe layangan kui ?” takone Danu marang mas Dodi
’’ngene,
kayune sing mau d golek kui di seset disik nganti dadi rodho tipis , cacahe 2 , banjur kui kayu sing bar di seset mau di gawe kerangka layangane , carane di gawe dadi kaya tanda ples ’+’ banjur kui bagian tengen lan kiwa ne di tali karo bagian ngisor , wis iso durung ?’’ takone mas Dodi .
’’wis mas , banjur kui di apakake meneh mas ?” .
”banjur kui bagian tengen lan kiwa mau yo di tali karo bagian nduwur kerangka mau , iso ta ?”
”sik mas” wangsule Danu karo nali kerangka mau .
”yen wis , banjur ngethok kertas koran di nggo nutupi kerangka layangan mau” terange mas Dodi
’’iki mas layangane wis dadi” wangsuke Danu karo ndudohake layangan sing di gawe dheweke .
Banjur kui Danu takon marang mas Dodi
”lha layangan sing di gawe mas Dodi kui arep di apakake mas ?”
”biasane tak dol ing ngomah , sakliyane aku dodol layangan aku yo dodol senar kanggo ngulukake layangan” jawabe mas Dodi .
”layangan kui mau di dol regane piro mas ?”takone Danu
”werna-werna regane , yen sing gedhe regane Rp.700,- yen sing cilik regane Rp.400,-”
”oalah.. yo lumayan yen ngnu mas” wangsule Danu .
”yo alhamdulillah , yowis layangan sing kok gawe kui mau gawanen mulih di nggo dolanan karo kanca-kanca mu mengko sore” .
”matur nuwun ya mas , saiki aku dadi iso nggawe layangan dhewe” wangsule Danu .
Banjur kui Danu nerusake mlaku mulih menyang ngomah . Sakwise tekan ngomah Danu crita marang ibu ne menawa dheweke di ajari karo mas Dodi gawe layangan
”Bu , kalawau kula dipun ajari kaliyan mas Dodi caranipun ndamel layangan lan kula sakniki sampun saged ndamel layangan piyambak” .
”Yo alhamdulillah . saiki dadi ngerti carane gawe layangan dhewe” .
”Nggih bu” wangsule Danu .
Ing wayah sore Danu menyang lapangan karo nggowo layngan sing di gawe dheweke karo senar layanagane . Sakwise tekan lapangan Danu ngulukake layangan sing di gawe dheweke mau . banjur kui kanca-kanca ne Danu teko lan melu ngulukake layangane Danu mau .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar